• Ya ALLAH,jika Engkau mengirimkan dia sebagai jodohku, maka ajarkanlah dia cara menghargai dan memahami perasaanku. !

    20 Tipe Wong Berdasarkan Cara Ngentut’e


    Halow sedulur, ketemu meneh karo admin jawambeling, sing paling langsing, panganane emping, hobine singing karo….wis wis ojo diteruske hehe. Nah saiki admin rep ngomongke “20 Tipe Wong Berdasarkan Cara Ngentut’e”. Coba deloken  seko style cara ngentute sampeyan, termasuk tipe nomer piro? #Cekibrot #JustHumor :D
    1. Wong sing ORA JUJUR.
    Wong sing nek ngentut terus nyalahke wong liyo.
    2. Wong BODO.
    Wong sing ngampet ngentut nganti jam-jaman.
    3. Wong sing jembar WAWASAN-e
    Wong sing ngerti kapan kudu ngentut.
    4. Wong sing SENGSORO
    Wong sing pengin banget ngentut ning ora iso ngentut.
    5. Wong sing “MISTERIUS”
    Wong sing nek ngentut, wong liyo ora ono sing ngerti.
    6. Wong sing GUGUPAN
    Wong sing ujug-ujug nyetop entute nek pas lagi ngentut.
    7. Wong sing PERCOYO awake dhewe (percaya diri)
    Wong sing ngiro nek entute dhewe ambune wangi.
    8. Wong KEJEM (sadis)
    Wong sing nek ngentut nang amben terus ngibaske seprei-ne nang ambene koncone.
    9. Wong sing ISINAN
    Wong sing nek ngentut ora muni ning terus rumongso isin.
    10. Wong sing STRATEGIS
    Wong sing nylamurke entute kanthi ngguyu cekakakan.
    11. Wong sing BODHO.
    Wong sing nek bar ngentut terus ngunjal ambegan dienggo ngganti entute sing metu.
    12. Wong CETHIL.
    Wong sing nyadhangke entute (nek ngentut diencret thithik-thithik) .
    13. Wong SOMBONG
    Wong sing seneng ngambu entute dhewe.
    14. Wong RAMAH
    Wong sing seneng ngambu entute wong liyo.
    15. Wong sing ORA SENENG SRAWUNG
    Wong sing nek ngentut ndhelik.
    16. Wong “AKUATIK” (iki boso jowone opo yo? )
    Intine:Wong sing senenge ngentut nang njero banyu ben-e muni “blekuthuk-blekuthuk”.

    17. Wong sing ATLETIS
    Wong sing nek ngentut karo ngeden.
    18. Wong JUJUR
    Wong sing ngakoni nek bar ngentut.
    19. Wong PINTER
    Wong sing niteni ambune entut tonggone.
    20. Wong SIAL
    Wong sing nek ngentut mesthi katutan AMPASE.
    Tak kei foto meneh, men tambah greget :D

     Wis ngerti to “20 Tipe Wong Berdasarkan Cara Ngentute”, nah sampeyan termasuk tipe nomer piro? sing kiro-kiro #KamuBanget ?? :D

    source:http://blog.jawambeling.com/20-tipe-wong-berdasarkan-cara-ngentute/

     

    Kata Romantis

    Andai aku bisa menjadi bagian dari dirimu, maka aku memilih untuk jadi air matamu yang selalu tersimpan dalam hatimu, yang lahir dari mata indahmu, bertahan hidup di pipimu, hingga mati di bibirmu.